-->
Telusuri
24 C
id
  • Bantarkawung
  • Bumiayu
  • Paguyangan
  • Salem
  • Sirampog
  • Tonjong
Kota Kecamatan Bumiayu - Brebes Selatan
  • Beranda
  • BRESEL
    • Bumiayu
    • Bantarkawung
    • Paguyangan
    • Salem
    • Sirampog
    • Tonjong
  • VIDEO
    • Video
  • Kolom Penulis
  • Opini
Telusuri
Beranda Ngapak Kieh Sing Disiapna Sedurunge Mbojo
Ngapak

Kieh Sing Disiapna Sedurunge Mbojo

Modal mbojo nggo hajatane olih ngumpulna duit kosih panas perih. Demi pernikahan sing diimpekna. Tarube mewah, dandanane manglingi saline ping 4.
Admin
Admin
28 Jan, 2021 0 0
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp

Pegatan ning musim pandemi melonjak akeh nemen. Akeh rangda duda anyar korbane ya anak, bocah sing sing ora salah. Penyebabe ya pirang-pirang terutama masalah ekonomi karo kurang sabar. Ora ina, pasangan sing mbojo lagi pandemi ya akeh. Suwadine ben ora pedot ning dalan dadi eman-eman, mangkaneng kudu sinau 

Kieh Sing Disiapna Sedurunge Mbojo
Image by Mabel Amber from Pixabay

Kari kelingan jaman pacaran tah kosih cintane mulab-mulab kayak geni gemleger. Kepaduk secuil langsung dielus-elus. Bareng wis mbojo suwe tah malah maido. Modal mbojo nggo hajatane olih ngumpulna duit kosih panas perih. Demi pernikahan sing diimpekna. Tarube mewah, dandanane manglingi saline ping 4. Ora nanggung-nanggung gawahan emas gram-graman, ulem-uleme nyebar ning ewonan wong. 

Eh, apa bae sih sing disiapna

1. Niat karena ibadah

Mbojo dudu karena ngiri batire wis ndisiti, karena umure wis selawe punjul, karena pengin dinafkahi. Ya dudu kuwe. Dilempengna, dibeneri niate niat nikah karena ibadah. Soale perjalanane dawa nemen. Ibadah paling suwe, luwian umure dewek anjog diundang sing gawe urip. Idepe kari niate ibadah insya Allah olih pahala, nyiapna ora kur dunia tapi anjog akhirat juga.

2. Terus sinau

Kabeh-kabeh ana ilmune sing bisa dipelajari. Terutama ngadepi wong wadon sing kadang angel dingerteni. Ilmu psikologi pasangan, parenting, manajemen ekonomi rumah tangga, komunikasi, urusan ranjang kwe perlu. Saiki jaman serba gampang nggolet ilmu, gari searching ning mbah google atau ngaji ning yutub. Maca buku, melu grup parenting ning sosmed dll, mbok pan takon-takon tah isin. Kari ngerti ilmune tah kari sing wadon cembetut ngerti carane, bocah ngelud kosih guser ngerti ngakaline dsb.

3. Tingkatna iman

Karo ilmu urip dadi mudah, karo seni urip dadi indah, karo agama urip dadi terarah. Nah, kweh mangkaneng ben dalan uripe jalure lurus ana setirane. Gelem ngaji, sholat 5 waktu ora telat, sedekahe ora keri, sayang keluarga. Tujuan ibadah kanggo marekna maring gusti Allah. Semakin parek karo sing gawe urip semakin gawe urip adem, ora ecan-ecan lah pokoke.  

4. Siapna banda

Rumah tangga ekonomi lemah dadi godaan sing gede. Harga dirine wong lanang ya megawe. Angger mbojo pesti akeh sing takon bojone kerja apa. Ben pedangane ngebul, dandange ora kemureb. Bocah njaluk jajan ndridis ya ora kur ngelus dada. Ana sak sing dirogoh metu duite. Sing utama kwe bisa nyukupi sandang, pangan, papan, casan ben bisa internetan. Ora keri plesiran ben ora pucet. Ya lih lur?

5. Milih pasangan sing bener

Wong lanang bisa milih, wong wadon duwe kuasa nolak apa terima. Masing-masing ana kelebihan dan kekurangan. Jare wong jawa dipilih bibit, bebet karo bobote. Tapi jare sunnah  Rasul ana 4 perkara kriteria milih pasangan karena hartanya, kecantikan/ketampanan, keturunannaya, agamanya. Nah, sing paling apik dipilih karena agamane. Sing pesti sehat, waras, trengginas ben bisa melahirkan keturunan normal, sehat, cerdas dan sholeh/sholehah pula. 

Memang menikahlah maka kamu akan kaya. Kwe bener tapi ya ora ujug-ujug sugih. Arti sing sebenere sugih wis duwe ketenangan batin sing dibarengi karo syukure. Wis nutugna separo imane. Kabeh perlu proses, diliwatine kudu karo sabar. Nikmate duwe pasangan batir urip, batir turu, ana hiburan anak sing lucu , keluarga sing tambah akeh mana mene dsb. 

Wis karep mbojo tapi urung duwe banda? Ya wis puasa disit. Ben iman, amin, imrone terkendali. Ikhtiar terus urusan dunia, ya akhirate. Ngomong karo wong tua, mbokanten ana dalan, kabeh wong tua pengin membagiakan anak-anake. Pinter bergaul karo membawa diri ben selamet ora nyasar.

Tulisan ini ditulis oleh penulis Bumiayuku yang bernama Qismika Mom hehe dan termasuk dalam kategori "Kolom Penulis"

Via Ngapak
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp
Postingan Lama
Postingan Lebih Baru
Admin
Admin Bumiayu merupakan kota kecil dimana saya dibesarkan. Perjalanan hidup ini tentu tidak akan melupakan semua jejak yang tertinggal di kota Bumiayu. Pernah menjelajahi seluruh desa di Kec, Salem adalah jejak yang luar biasa selama tiga tahun lamanya.

Anda mungkin menyukai postingan ini

Posting Komentar

Featured Post

Menjadi Ibu Yang Tak Sempurna

Admin- 9/12/2022 0
Menjadi Ibu Yang Tak Sempurna
Hidup dimanapun takkan lepas dari sorotan sesama manusia. Mom war akan terus terjadi ketika sesama emak mempertahankan egonya sendiri. Mengutarakan yang ada di…

Most Popular

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

5/01/2021
Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

8/24/2021
Bumiayu Darurat Buruh Tani

Bumiayu Darurat Buruh Tani

8/15/2021

Follow Us On Instagram @promosi_bumiayu

Editor Post

4 Wisata Bumiayu yang paling asyik dikunjungi saat weekend

4 Wisata Bumiayu yang paling asyik dikunjungi saat weekend

2/26/2020
Toserba Jadi Baru Bumiayu, tempat nongkrong kawula muda

Toserba Jadi Baru Bumiayu, tempat nongkrong kawula muda

2/25/2020
Sosial Media yang ada di Kota Kecamatan Bumiayu

Sosial Media yang ada di Kota Kecamatan Bumiayu

2/26/2020

Popular Post

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

5/01/2021
Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

8/24/2021
Bumiayu Darurat Buruh Tani

Bumiayu Darurat Buruh Tani

8/15/2021

Populart Categoris

  • Bantarkawung4
  • Bumiayu34
  • Kolom Penulis35
  • Paguyangan7
  • Salem4
  • Sirampog1
  • Tonjong1
  • Video4
Kota Kecamatan Bumiayu - Brebes Selatan

About Us

Bumiayu suatu desa yang terletak di Kabupaten Brebes, dan lebih tepatnya di Brebes Selatan. Bumiayu merupakan sentral kota dan pusat keramaian di area Brebes Selatan.

Contact us: contact@gmail.com

Follow Us

© Newspaper Blogger Theme by Rian SEO
  • Disclaimer
  • Privacy
  • About
  • Contact Us