-->
Telusuri
24 C
id
  • Bantarkawung
  • Bumiayu
  • Paguyangan
  • Salem
  • Sirampog
  • Tonjong
Kota Kecamatan Bumiayu - Brebes Selatan
  • Beranda
  • BRESEL
    • Bumiayu
    • Bantarkawung
    • Paguyangan
    • Salem
    • Sirampog
    • Tonjong
  • VIDEO
    • Video
  • Kolom Penulis
  • Opini
Telusuri
Beranda Kolom Penulis Ngapak Temandange Ketubrukan
Kolom Penulis Ngapak

Temandange Ketubrukan

Admin
Admin
18 Des, 2020 0 0
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp

Jarum jam nunjukna angka 5, Imas kaget luar biasa. Mbok grenjal bae langsung disingkab kemule, mudun sing amben wesi tua. Age-age nganggo sendal jepit nonet mlayu maring kolam. Pikirane wis ambyar soale durung adang, gawe lawuh, terus poci pada suwung kabeh. 

Dina kie Arman wis SMK Rahma sekolah ning MTs karo Tyas sekolah ning MI lagi testing. Kwe telu anake Imas sing kudu dirumat. Imas kedangdapan endi sing dicekel disit. Bocah sing biasa sregep tangi gasik mesih pada mbatang, ngringkuk katisen lagi musim rendeng.

Tumandang Ketubrukan
Image by Tep Ro from Pixabay

"Bapane... bapane" Imas kewowongan nggoleti bojone. Ditiliki ning kamar laka, pedagangan laka, kamare bocah laka, ning teras laka. Ilang-ileng matane kosih mencereng, gulune modod dawa nggo logag-logog.

Toglong-toglong Wahid bojone Imas teka, sing gede duwur awake.

 "Sing endi sih, bapane"  Imas mesih kebingungen.

 "Sing kandang ayam, Mak" jawab Wahid. 

" Gyeh, Mak.  Wedang tubruke nyong daneng durung nyanding?" Wahid karo ragap-ragap meja sing biasa nggo medang deweke suwung. 

"Brisik lah, tangi ndisiti ya ora jere nggugah apa ngrewangi pegaweane wong wadon. Aja kur trima beres tok. Blarak pada teles, pen nyetik geni ya ora bisa. Sing nggo urub-urub malah angel" karo cemberut, menjep ganjlep.

Arman, Rahma nembe ucek-ucek mata, "ana apasih, Mak, Pa" 

"Bisiklah, urusane wong tua. Mana adus sholat toli sinau" Imas ngoceh.

"Mbarah, Mak. Kwe rambut riwag-riwog temen kayak susuh gaok" Wahid komplen 

"Astaghfirullah iya, lah wis payu ikih"jawab Imas karo nyrenges.

Wahid njukuti plastik sing ana ning pedangan. Dilebokna pawon karo blukang garing. Jress! koreke disuled. Telaten geni ben cepet dadi didamon karo semprong. Ora suwe geni dadi terus pancine didelah. Sementara kuwe Imas lagi napeni beras mbari nggolet gabah karo las ben bersih.

"Mak, mbari nunggu mateng mana tuku gorengan ning bi Ajijah sing enak. Kyeh luwiane nggo tuku roti mbuh apa. Nggo ganjel weteng disit sedurunge lawuh mateng" Wahid ngongkon Imas.

"Iya, Pa" Imas njawabe. Nembe rong langkah mlaku, Wahid ngomong

"Ohya Mak, mbokan kesusu pen njangan, tuku mie bae mengko medang mie tah gampang"

"Beres, Pa" Imas jawab karo bying mangkat.


Adang sega wis tanek age-age dicimpal nganggo serbet. Sega dicentongi mipil maring cepon cangku. Mbari dileak-leak karo dikipasi, ben segane pulen. Medang mie ya sedela maning mateng. 

"Mak, Tias sih endi" jare Wahid

"Ya Allah gusti, kepuntal-puntal kosih kelalen anak mbontot durung digugah" Imas karo nabok batuke dewek. 

"Mak, mak, kwe beneran Tias bakal anak mbontot?" Wahid karo nyolek Imas

"Ya mbuh ya mbreng" mbari mesam mesem, Imase mlakune ngegot.


*****

Bocah saiki ora ngalami wong tua temandang ning pawon nganggo kayu. Dolanan kukus, temboke geseng ireng. Ora njamani repek nggolet pangpung, diprentah kon ngesur geni, tuku lenga tanah nganggo jirigen. Blukang, blarak goletan kari maring kebone wong. Balike blarake rak-raki, blukange disigari. 

Saiki serba mesin, adang ceklek, masak kupat tahu kompor gas ceklek, ngumbaih gari diputer mesine. Bumbu gari nyowek, nguleg gari mencet tombol. Masak tetep ayu ora mambu sangit mleding. 

Rekasane wong gemenyen karo saiki sejen. Ana jamane dewek-dewek seiring peradabane tambah maju. Ilmu, tekhnologine berkembang pesat. Tingkat angel gampange ya dewek-dewek.Patute ya disyukuri pada-pada nikmate. 

#qismika'smom

Via Kolom Penulis
Facebook
Twitter
Telegram
WhatsApp
Postingan Lama
Postingan Lebih Baru
Admin
Admin Bumiayu merupakan kota kecil dimana saya dibesarkan. Perjalanan hidup ini tentu tidak akan melupakan semua jejak yang tertinggal di kota Bumiayu. Pernah menjelajahi seluruh desa di Kec, Salem adalah jejak yang luar biasa selama tiga tahun lamanya.

Anda mungkin menyukai postingan ini

Posting Komentar

Featured Post

Menjadi Ibu Yang Tak Sempurna

Admin- 9/12/2022 0
Menjadi Ibu Yang Tak Sempurna
Hidup dimanapun takkan lepas dari sorotan sesama manusia. Mom war akan terus terjadi ketika sesama emak mempertahankan egonya sendiri. Mengutarakan yang ada di…

Most Popular

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

5/01/2021
Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

8/24/2021
Bumiayu Darurat Buruh Tani

Bumiayu Darurat Buruh Tani

8/15/2021

Follow Us On Instagram @promosi_bumiayu

Editor Post

4 Wisata Bumiayu yang paling asyik dikunjungi saat weekend

4 Wisata Bumiayu yang paling asyik dikunjungi saat weekend

2/26/2020
Toserba Jadi Baru Bumiayu, tempat nongkrong kawula muda

Toserba Jadi Baru Bumiayu, tempat nongkrong kawula muda

2/25/2020
Sosial Media yang ada di Kota Kecamatan Bumiayu

Sosial Media yang ada di Kota Kecamatan Bumiayu

2/26/2020

Popular Post

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

PANDEMI COVID-19 DAN PERSPEKTIF TEOLOGI

5/01/2021
Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

Cerpen : Ayam Gak Ada Akhlak

8/24/2021
Bumiayu Darurat Buruh Tani

Bumiayu Darurat Buruh Tani

8/15/2021

Populart Categoris

  • Bantarkawung4
  • Bumiayu34
  • Kolom Penulis35
  • Paguyangan7
  • Salem4
  • Sirampog1
  • Tonjong1
  • Video4
Kota Kecamatan Bumiayu - Brebes Selatan

About Us

Bumiayu suatu desa yang terletak di Kabupaten Brebes, dan lebih tepatnya di Brebes Selatan. Bumiayu merupakan sentral kota dan pusat keramaian di area Brebes Selatan.

Contact us: contact@gmail.com

Follow Us

© Newspaper Blogger Theme by Rian SEO
  • Disclaimer
  • Privacy
  • About
  • Contact Us